
Eling lan waspadha, gamelan kuwi warisane para leluhur, sing nggawe nenek moyange awake dhewe, aja nganti dilalekake lan ditinggalno, ayo padha nguri-uri gamelan jawi kayata ning SMP NEGERI 1 TAMAN, bocah-bocah padha sinau gamelan jawi, yo amerga warisane leluhur kuwi kudu dilestarikake. Mulane kita kudu matur nuwun marang SMP NEGERI 1 TAMAN, yo Kepala Sekolahe, Guru- gurune, yo Paguyubane, pokoke kabeh sing wis nyediakake gamelan lan ndukung kegiyatan ana ing sekolah.
Latian gamelan biyasane dina kamis jam 15.00, kadang nek meh lomba iso ditambahi latiane…..
Ing jaman modern sing kaya saiki, gamelan yo iso dikolaborasike karo Band. Ora gampang lho, butuh kemampuan ngepaske nada nadane, yo ben enak dirungokno. Pensi SMPN 1 TAMAN, bocah bocah nyuguhne kolaborasi band lan gamelan. Akeh sing padha seneng
Komentar